Rabu, 19 Oktober 2011

Love is Blind (Jowo Version)


Cerita iki dimulai saka areg lanang sing nakale ora ana becik.e deg.e sekolah ing SMA 3 Pancuran, jenenge Evan. Evan iki anake wong sugih. Bapake dadi manager nang PT Kalimas. Mulai cilik Evan iki pancen bocah sing ora iso diatur blas. Sa’bendina isone dolanan tog lan ora tau sembayang. Amarga ora tau direken karo wong tuwane alias Broken Home.
            Mulai SD Evan iku terkenal dadi preman nang sekolahane sampek-sampek gurune kewalahan ngadepi Evan, lan konco-koncone mesti dadi sasaran targetane alias dijaluki duwite. Maringono wektu SMP Evan iki uwes tau rasane ngrokok, ngombe, lan kelakuan sing ora becik liyane tapi deg.e sek durung wani nggawe pil utawa basa gaul.e yaiku Narkoba.
            Wektu SMA iki uwes baru Evan dadi areg sing nakale ora ana becik.e. Sa’ben guru seng megelno atine mesti dipisuhi sampek deg.e iki kenek D.O 2 minggu. Tepak 2 minggu iki amarga Evan kenek D.O areg.e dijak koncone ngedrag nang pelabuhan supaya ora setres, amarga dijak koncone ngedrag Evan dadi ketagihan. Sa’bendina areg.e mesti budal bengi mulih esuk.
            Amarga awake seneng ngedrag lan ora tau direken wong tuwane deg.e dadi Broken Home lan akhire Evan iki ora tau mulih, sa’bendino mesti kluyuran ora ana tujuane. Wektu bengi tepake Evan kate ngedrag, endase ngelu maringono koncone marani jenenge Agus. 
Agus: “Van, endasmu ngelu ta??”
Evan: “Iyo le, opo.o yo??”
Agus: “Iki lho ono obat...”
Evan: “Obat opo iki le??”
Agus: “Ombeh.en ezt...”
Evan: “Iyow ezt... ta’ombeh...”
(Asline obat seng diombeh Evan iku mau Narkoba.)
Sa’wise Evan ngombe narkoba iku mau awake langsung mumet lan maringono semaput nang dalan. Agus langsung nggowo Evan menyang omahne.

            Sa’wise Evan sadar deg.e bingung kok isa ana nang omahe Agus lan takon nang Agus.
Evan: “Le, awak iki kenapa kok isa ana nang omahmu... sa’eling ku wingi endas ku mumet terus awkmu ke’i obat kan.”
Agus: “Wingi iku duduk obat seng kund ombeh van... tapi iku Narkoba enak kan rasane yo..”
Evan: “Lho, iyo ta le... ngono toh rasane narkoba.. enag pisan yo..”
Agus: “Hha, kund iku le2... biyen po.o sok2 alim ora gelem nggawe.. saiki ketagihan kund.
Areg loro mau podo ngguyu2 bareng....

            1 wulan uwes liwat...
Wektu Evan mari nggawe Narkoba deg.e ketemu cewe’ seng ayu buanget, Ora sadar awake nggudo iku cewe’, tapi cewe’ iku mau mblayu amarga wedi karo Evan. Evan langsung keturon amarga kepegelen. Sesuke wektu nang sekolahane deg.e ditapok karo Endah konco sekelase dewe amarga wingi deg.e mari digudo beg Evan (Dadakno cewe’ sing digudo Evan wingi ternyata Endah konco sekelase dewe), Evan ora ngereken Endah lan akhire areg loro iki mungsuhan. 

            Dina sabtu bengi tepak Endah lan konco-koncone malam mingguan nang alun2, awake ktemu karo preman. Preman iku mau nyolong dompet.e Endah, untung ae pas iku preman mau ora sengaja nubruk Evan, amarga Evan areg.e emosian langsung preman iku digepuki beg Evan, Endah seneng amarga Evan gelem nulungi Endah lan  mbalikno dompet.e Endah. Suwi2 Evan titik2 seneng nang Endah lan nyidek2.i Endah, amarga seneng beg Endah, Evan mesti toleg2 informasi ttg Endah, lan akhire Evan weruh kabeh ttg Endah (kecuali 1 hal).
            2 wulan Evan uwes nyideki Endah, lan Endah uwes izo mulai nerimo Evan dadi koncone. Wektu Evan ngejak Endah mlaku2 nang mall Evan nukokno Endah coklat lan nembak Endah nang ngarepe wong akeh. Tapi Endah.e ora gelem nerimo Evan lan ngomong kayak ngene:
Endah: “Van, sepurane yo yen aq ora nerimo kowe, aq gelem nerimo kowe yen kowe gelem  berubah dadi wong sing apik.”
Evan: “Yo, ezt aq bakalan berubah gawe kowe.”
Endah: “Aq ora gelem u berubah gawe aq, tapi aq pengen awkmu berubah gawe awkmu dwe.”
Evan: “Iyow ezt, ta’coba.”
Semenjak kedadian iku mau Evan langsung berubah 180 derajat, awake sing biyene ala,nakal,lan ora iza diatur malah dadi wong sing becik lan pinter ngaji.

            Sa’marine Evan lan Endah lulus SMA Evan nglamar Endah dadi bujune, tapi Endah ora gelem lan Evan takon kayak ngene.
Evan: “Ndah, opo.o kowe seg ora gelem nerimo aq??
L.”
Endah: “Van, aku iki sbenere pngen banget nerimo kowe tapi,,, “
Endah langsung mblayu karo nangis nang bukit cideke omah, Evan arepe ngejar tpi gg diolehi karo bapake Endah, bapake cerito nang Evan karo nangis, yen sebenere Endah iku duwe tumor nang uteke lan uripe kari 1 Minggu maneh tpi Endah gg tw cerito nang cpo2 (dadkno iki 1 hal sing ora dimengerteni Evan ttg Endah). Sa’weruh nech iku Evan langsung kaget lan shock, lan marani Endah menyang bukit.
Evan: “Ndah, opo.o awkmu ora tau cerito nang aq yen kowe duwe penyakit.
L
Endah: “(nangis nang pelukane Evan), lku perkarane amarga aq ora gelem nerimo awkmu van, uripku iki kari 1 minggu maneh.”
Evan: “ Tapi aq tresna kowe ndah, aq pengen ngisi sisa uripmu bareng aq.”
Sa’marine krungu omongane Evan, Endah nerimo lamarane Evan.
Sesuke diada’no kawinane Endah lan Evan

5 dina kemudian sa’marine udan deres maringono metu pelangi nang mburi bukit, lan Endah ngomong nang Evan yen awake pengen menyang bukit iku, lan Evan langsung nggowo Endah menyang kono. Sa’marine tutuk:
Endah: “Van, apik banget yo pelangi iku.”
Evan: “(sambil menangis) Ea,ndah.”
Endah: “Qmw jog nangis Evan, aq pengen liat kowe senyum selepas kepergian q.”
Evan:  “(coba gawe senyum)”
Endah: “
J.”
Sa’wise iku akhire Endah meninggal dunia karo senyum, lan Evan nangis karo senyum lan teriak EndaHHHHH..........

            NB: Love is Blind,
Cinta iku Buta, ndag izo diduga Evan sing areg ora bener izo dadi areg sing apik lan becik amarga CINTA.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar